Eyang...
Kamardika wis teko wingi-wingi
Nanging anak putumu kumanan apa
Lemah garing bimu cengakr
Larang banyu arang udan
Bawana dadi prungsang
Eyang...
Kamardikanmu wis tanpa guna
Digiles roda jaman kang soyo edan
Disewiyahi pokal gawene titah kang ketlikung watak srakah
Aku kumanan apa
Eyang...
Kamardikanmu wis ilang muspro
Sing kok tinggal kari panandhang
Nlikung urip lan panguripan
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar